Kidung Hanepangken Sangkan-paraning Dumados: Duh Allah, panjenengan punika sakyetosipun sinten?

Dandang gendis.

1.
Wonten kidung kekancinging ratri
Hanepangken dununging panembah
Inggih niku sejatine
Allah kang maha agung
Kang hanyipta sagung dumadi
Kang rumeksa, misesa
Kabeh titahipun
Bumi, langit sak isinya
Jalma, sato, malaikat myang sagung jin
Lan uga tetuwuhan.

2.
Allah niku pan asipat dhahir
Naning ugi asesipat batos
Ya kang awal lan akhire
Datan asipat jalu
Nanging ugi tan asipat estri
Datan sipat peputra
Nanging ugi tuhu
Tan pinutrakken sayektos
Sagung titah gumantung mring Allah Gusti
Ya kang maha kawasa.

3.
Inggih Allah kang paring rejeki
Maha asih tur ya maha welas
Ingkang tansah nggatosake
Marang titah sadarum
Kang nentokken urip lan pati
Jodo, sangat lan qodar
Sadaya tinemtu
Maha paring pangapura
Maha sugih, maha wenang, maha suci
Tur ugi maha pirsa.

4.
Allah sangkan paraning dumadi
Lire sangkan pan sagung dumados
Nggih Allah Gusti asale
Bumi gumelar niku
Langit kang kajunjung puniki
Wulan, surya lan mega
Kali saha gunung
Angin, udan myang samudra
Jalma, sato, tuwuhan, malaikat, jin
Inggih Allah asalnya.

5.
Lire paran sejatine niki
Dateng Allah sadaya purugnya
Yen wus tekan ing wancine
Kabeh kapundut wangsul
Bali marang Allah sayekti
Mila tansah elinga
Dateng Allah niku
Tansah pasrah lan sumarah
Nggega dawuh lan wewaler den tebihi
Titah hamung saderma.***

Pengging, 17 Sya’ban 1417H/28 Desember 1996.
Pawito.